PEMAIN:
1. wong liwat (peran bisa ganda,sehingga bisa tidak hanya memerankan "wong liwat"
2.bawang putih
3. rama
4. ibu tiri
5. ibu kandung
6. peri (sama kayak wong liwat)
7. pangeran
8. pengawal
Bawang
Merah Bawang Putih
Narator
“Rikolo jaman semono ing sawijining deso, ono bocah wadon kang aran Bawang putih” {pengiring lagu lir-ilir}
“Bawang
putih iku ayu parasse lan uga budi pekertine. Saben esuk Bawang putih mesti
umbah umbah ono lepen mburi omahe”
Wong liwat:
lho bawang putih, esuk” arep nyandi?
Bawang
putih: kulo badhe umbah umbah wonten lepen.
w.l :wooh,
yo wes nduk ati” lho
B.P: Enggih
buk, monggo
W.L: yo
Narator
“sawetoro iku ono rondo ayu kang anduweni anak prawan aran bawang merah”
Biyung:
rah… merah… bawang merah, nang ngendi
awakmu nduk?
B.M :opo to yung? Esuk esuk wes mbengak mbengok
koyok wong ndak beres.
Biyung:
yoalah nduk’’ yahmene kok isik turu. Biyungmu iki rondo, kowe kudune ngewangi
biyungmu iki golek bapak anyar eeh
maksudku golek penggawean.
B.M:
mengko tho yung, iki aku penak’’
ngimpekne kang mas pangeran
Biyung:
halaaah ra usah ngimpi’’ {karo njewer kuping bawang merah}
Babag 2:
Bawang
putih wes mari anggene ngumbah klambi banjur muleh.ing dalan pethuk rama ne .
B.P: lho romo badhe tindhak pundi?
Ramane:
rama ana tugas menyang tlatah Kediri, awkmu nang omah jaga biyung kang lagi
loro..
B.P: enggih
rama.
*tekan
ngomah*
Bawang
Putih : pripun bu? Sampun sae?
Ibu
Kandung : Alhamdulillah rodhok penak
Bawang
Putih : Ibu punapa purun maem bubur{karo gowo mangkok
bubur}
Ibu
Kandung : Nggih anakku ...
Bawang
Putih : Nggih bu sakejap.
Ibu
Kandung : iyo
* Dina
sesuke
Bawang
Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang
Putih : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang
Merah : Iya, Ibumu ana?
Bawang
Putih : enek mbakyu.
Bawang
Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang
Putih : Nggih, monggo tak terke.
* Tekan
wonten kamaripun ibu
Bawang
Putih : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang
Merah : Nggih bi ...
Ibu
Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah
Bawang
Merah : Bi, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu
Merah.enggal dimaem bi
Bawang Putih : Bu,
kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu
Kandung : Wa’alaikum salam
lan Bawang
Merah
* Sak
lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih
kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu
Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.
Bawang
merah guyu weruh ibune putih sekarat.
Merah mlayu marani ibune
Bawang
merah: yung,akhire dulurmu mati.e lho. Puaas?
Ibu
Tiri: yo iyo puas banget. Akhire
biyungmu iki dadi bojone kangmas broto. Sakiki kowe kudu etok2 nangis supaya
kethok lek bela sungkawa
Bawang
merah: beres yung
* Bawang
Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali
Bawang
Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu
(meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih
bu ..
Bawang
Putih bingung lan panik.
*Bapakipun
Bawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak : Putih,biyungmu
ndi?
Bawang
Putih : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.
Bapak: ya alloh
sekar.. nyapo awakmu mulih disik
Ibu tiri:
enek op iki?
Bawang
Putih: niku bi, biyungku sampun mboten enten
Ibu tiri:
ya allah adhiku… ngapa mulih dhisik adhikuu.
Kangmas broto iklhasno sekar ono ing pangrasaning gusti. Anakku putih,
awkmu iki isih nduwe bibik.
*babak 3*
* Sakwise pirang wulan,
akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih
urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.
Bapak : Putih,
sesuk Bapak ana tugas wonten kecamatan, Putih urip sing rukun ya kaliyan Bawang
Merah?
Bawang Putih lan bawang putih:
enggih pak.
* Dina sesuke Bapak
Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan
Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.
Bawang putih: mbakyu merah!!! Ayo
masak bareng kados dekwingi
Bawang merah: opo? Masak? Ora arep
sudi-sudio aku masak maneh.wes awkmu ae seng masak.
Bawang putih: tapi mbak?
Ibu tiri: putih!!!! Ora usah kakean
omong.. cepet masak banjur umbah umbah. Ngerti!!!!
Bawang putih: nggg.. nggeh yung
*sakwuse
masak langsung masakane diparingake biyung kuwalone*
Ibu tiri:
joch!!! Masakan opo iki ?masakan opo*karo njambak bawang putih*
Bawang
merah: lek ra iso masak ojo masak. Kowe kie saiki kudu manut karo aku lan
biyung. Ngerti. Nyoh untalen dewe masakanmu Iki*karo nggrujuk bawang putih*
* Ujug-ujug Bapak Bawang
Putih wangsul.
Bapak : Assalamu’alaikum
...
* Ibu tiri kaget krungu
suara Bapak ngucap salam.
Ibu
Tiri : Bawang
Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang
Putih : Nggih bu ...
Ibu
Tiri : Awas
kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana
apa iki?
Ibu
Tiri : Iki
pak, Bawang Putih numplekne panganan amarga kurang ati-ati. Ya kan Bawang
Putih?
Bawang
Putih : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya
wis saki resikana.
*ibu tiri dhamel kopi ing pawon
Karo mbukakbuntelan
Ibu tiri: rasakno kuwi broto. Mati
kowe mati
*ing omah
Ibu tiri: monggo kangmas diunjuk
kopine
Bapak:iyooo
*bar ngombe kopi bapak mendadak
dadane loro
Bapak aaggh ono opo iki. Nyapo
dodoku loro?
Ibu tiri:lho mas broto? Pye iki?
Tulung2*karo etok-etok nangis*
Akhire bapak.e bawang putih sedo
lan ibu tiri lan bawang merah luwih nemen anggone nyiksa
* Enjing niku Bawang
Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah : biyung
biyung*karo ngrengik* delengen klambiku podo bacek kabeh yung.
Ibu
Tiri : kowe
nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : sawangen
to yung klambiku rupane koyo biyung. Eeh maksudku koyo ra tau diumbah
Ibu
Tiri : heh*karo
njewer kupinge merah* karo biyungmu kie lk omong kudu boso! Prawan kok ra nduwe
tata kromo! Spo sng marai?
Bawang merah: Biyung sng marai.
Pokok.e aku njaluk kalmbi anyar terus kabeh klambi iki kudu diumbah
Ibu tiri: y owes tak celukne bawang
putih. Putih!! Bawang putih ! nyandi bocah iki putih bawang putih
* Bawang Putih teka
Bawang
Putih : Nggih bu, wonten napa?
Ibu
Tiri : kowe
ki budeg ta?
Bawang Merah : Ra duwe kuping
anyatune bu ...
Bawang
Putih : Anu bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog
wedang.
Ibu
Tiri : alah
alesan!!! Pokok.e awkmu saiki kudu umbah kabeh klambi kae! Aku karo merah arep
nang pasar. Ngasi aku teko,kabeh iki urung kok umbah,awas!! Mengko awakmu ora
oleh madang kyok dek ingi.
Bawang Merah : Iki kumbaih
kabeh, awas nek ana sing rusak.
Bawang putih :*karo nangis*
huhuhuhu ngg nggeh biyung
*neng kali
Bawang putih: duhh gusti.paringono
kulo sabar gusti*karo nangis* kulo kangen kalih biyung lan rama. Kelingan jaman
cilik dinyanyik.ake kalih biyung*karo nyanyi*
Pangeran : (ngrungokna
suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng ngrungokake). Wah suarane
merdu tenan... sapa ya iku?
Pengawal: wah merdune !suarane sp
nggeh pangeran?
Pangeran: awakmu iki ditakoni malah genti tekon.
Bawang putih seng weruh enek wong
kang mbuntuti
Bawang putih: sp kuwi*bisik-bisik*
bawang putih enggal-enggal ngalih sampek lali yen slendhange keri.
Pangeran : (nemokake
selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu
mbalekna.aku nduwe sumpah bakal ngerabi wong seng neng kene mau
pengawal :temenan pangeran?
pangeran: iki wes dadi sumpahku
Peri : Cah
ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepengin
nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan iki
....
Bawang
Putih : Tenanan peri?
Peri : opo
aku ketok ngapusi?putih
Bawang
Putih : Peri .... (langsung bali meng umah).
* Tekan umah Bawang
Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.
Bawang Merah : Ihhh
.... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong ya?
Ibu
Tiri : owwh.
Tibakno aku iki ngopeni wong tukang nyolong tah?
Bawang
Putih : Anu bu, selendangipun keli kegawa banyu.
Ibu
Tiri : Alesan,
wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu geleme selendang
iku mbalek.
Bawang
Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : ngalio
kono. Dino iki awkmu ora oleh mangan
* Dina sesuke
Ibu
Tiri : ora
usah sarapan!saiki awakmu kudu golek.i selendange merah
Bawang Putih : Nggih bu
....
* Bawang Putih meng kali
nggoleti selendang iku
Pangeran : Napa
iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang
Putih : Nggih, niki selendangku ingkang ical.mas niki
sinten?
Pangeran : Sapa
asmamu cah ayu?
Bawang
Putih : lha sampean ditakoni kok malah takok?y wes aku
bawang putih
Pangeran : aku
pangeran kahuripan. Lho awkmu bawang putuh?tenan awakmu bawang putih wong ayu?
Bawang
Putih : Tenanan ...
Pangeran : Tenanan,kaya
janjiku mbiyen, aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang
Putih : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran : ayo
tak terke.
* Bawang Putih lan
Pangeran meng umah. Tekan umah ....
Ibu
Tiri : sstt!
Awakmu pengen weruh piyecarane mateni rama kuwalonmu ta?
Bawang merah:iyo biyung. Piye
carane
Ibu tiri: wonge tak wenehi obat
tikus
Bawang merah: hahahahaahaaha
Bawang putih: karo
mbengok*biyung!mbakyu tibakno seng nyedoken rama kulo niku njenengan*karo
nangis*
Ibu tiri: ba… bawang putih
Pangeran: sejatosipun kulo mriki
badhe nyuwun restu kalih biyungipun putih.tapi lk weruh kedadeyane iki,biyung
lan mbakyune putih kudu di gowo neng pengadilan
Bawang merah:sp kowe?wani ngatur
uripku?
Pengawal: eeeeee lha dalah !!kowe
wani karo pangeran! Kurang ajar
Ibu tiri: ampun pangeran ampun
Pangeran: pengawal gowonen wong
loro iki nang penjara.putih saiki awakmu tak dadekake garwaku lan saiki awakmu
urip karo aku nang istana
TAMAT
*NOTE*
Tips agar drama bisa menarik:
1. untuk berdialog saat pentas,jangan semua dialog yang diucapkan sama dengan naskah. beri beberapa kata tambahan agar tidak terlihat seperti menghafal
2. beri beberapa lelucon agar tidak terlalu monoton
3. JANGAN GUGUP
4. dalami peran dengan serius
5. lebih bagus lagi jika dramamu diberi lagu pengiring
Tidak ada komentar:
Posting Komentar